Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Gresik - Ketupat Ketheg teko Daerah Giri
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Kota Gresik pancen cocok diarani kota sejuta kuliner, nek di delok teko akehe macem-macem kuliner khas teko Gresik. Salah salah sijine kul...

Kota Gresik pancen cocok diarani kota sejuta kuliner, nek di delok teko akehe macem-macem kuliner khas teko Gresik. Salah salah sijine kuliner seng diarani Kupat Ketheg (Ketupat Ketheg), kuliner siji iki pancene nek di delok teko rupane gak isongawe nafsu mangane, tapi pas diambu aromane pasti nafsu mangan kupat ketheg iki langsung ngiler kepingin ndang langsung ngrasakno rasane.


Kuliner Khas Gresik - Ketupat Ketheg dari Giri - www.gresikku.com

Rasane Kupat Kethegpancene dak adoh teko jajanan seng diarani Ketan Lupis terus rupane yo dak onok bedane ambek kupat seng umum digawe karo wong-wong pas riyoyoan, tapi Kupat Ketheg iki nduwe ciri khas seng iso mbedakno yoiku carane masak kuat iki. Masak Kupat Ketheg iki nganggo banyu lantung seng onok ndok sumur minyak mentah tinggalane Londo ndok wilayah Giri, Gresik, terus yo dak onok ndok daerah liyo.

Diarani kupat ketheg polae cara masak e nganggo banyu ketheg, yoiku banyu teko endepane minyak mentah seng mtu teko sumur minyak tuwo seng wernone semu-semu ijo. Banyu ketheg opo banyu lantung iki seng maringunu dadi banyu utama gawe masak Kupat Ketheg cek rasane iso gurih-gurih rodok asin. Sak liyane rasane seng khas, bungkuse Kupat Ketheg wernone dadi kuning ke emasan terus nggilap.

Gae masak Kupat Ketheg, banyu lantung opo banyu ketheg seng sek tas di jupuk teko sumur minyak tuwo iku, dak iso langsung digawe masak, polae kondisine sek buteg. Banyur sumur ketheg iki kudu diendapno sampek (7) pitung hari. Enepno banyu iki dilakoni polae supoyo nayu dadi bening ambek resik pas digawe masak kupat.

Mbiyen, sumur minyak tuwo sumber banyu ketheg sek akeh ndok Gresik. Tapi sepuluh taun akhir-akhir iki sumur minyak tuwo seng ditinggalno Londo seng ngetokno lantung mek onok ndok Kelurahan Ngargosari ambek Sekarkurung, Kecamatan Kebomas. Tekoinformasi seng kari-kari iki sumur sumber banyu ketheg iki mek onok ndok Sekarkurung, Kecamatan Kebomas.

Sak liyane nggawekno roso seng khas ndok kupat ketheg, pas masak nganggo banyu ketheg, kupat iki yo iso awet sampek 15 dino suwene masio dak nggawe pengawet kimia. Iki ndadekno ketupat ketheg, cocok seru dinggo oleh-oleh ambek pengunjung makam Sunan Giri seng teko luar kota.

Kuliner Khas Gresik - Ketupat Ketheg dari Giri - www.gresikku.comKuliner Khas Gresik - Ketupat Ketheg dari Giri - www.gresikku.com

Tapi sayange onok e Kupat Ketheg iki delo’ane wes rodok ilang. Ilange Kupat Ketheg iki sak liyane jarang onok wong weruh, yo diakibatno angele nggolek sumber banyu ketheg. Wong seng nggawe Kupat Ketheg yo tambah suwe tambah jarang seng nggawe.

Post a Comment

 
Top