Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Gresik - Bonggolan Sedayu
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Kuliner Gresik - Bonggolan khas Kecamatan Sedayu, Kabupaten Gresik.  Bonggolan yo salah situk e kuliner jajanan khas Kota Gresik, pase ...

Kuliner Gresik - Bonggolan khas Kecamatan Sedayu, Kabupaten Gresik. 


Kuliner Gresik - Bonggolan Sedayu - www.gresikku.com
Bonggolan yo salah situk e kuliner jajanan khas Kota Gresik, pase ndok Kecamatan Sidayu. Wong-wong ndok Sedayu sueneng seru ambek panganan jajanan seng siji iki, sakliyane digawe panganan camilan yo biasa digawe gandengane mangan sego opo diolah digawe krupuk iwak.

Ngawene panganan iki gak angel, siapno bahane koyok ; glepung kanji, glepung terigu, brambang ambek bawang poteh, ojok lali iwak seng wes mari digiling lembut (biasane ngunakno iwak Payus opo Plaosan seng sek duure iwak Badeng) gawe nambahno rosoe.

Kuliner Gresik - Bonggolan Sedayu - www.gresikku.com

Kuliner Gresik - Bonggolan Sedayu - www.gresikku.com
Sedayu melbu kawasan usaha iwak opo maneh yo di ileni ambek bengawan solo. Biyen wong-wong Sedayu iku ake seng miyang golek iwak ndok laut ambek duwe usaha tambak.
Onok pikiran nggawe panganan Bonggolan iki awitane yo opo carane akehe iwak ndok Sedayu iki gak kebuwak polae kakean, seng nggarakno wong-wong rugi. Lah akhire wong-wong Sedayu iki nyobak-nyobak nyampurno iwak iki ambek barang-barang liyone seng iso digawe panganan, lah dadine bunder-bunder lonjong koyok bonggole gedebok gedang, mangkane diarani panganan iki Bonggolan

Post a Comment

 
Top