Unknown Unknown Author
Title: Wisata Gresik – Gunung Surowiti Nduwe Misteri
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Wisata Gresik – Gunung Surowiti Nduwe Misteri Panggonan wisata Gunung Surowiti seng tau dadi Petilasan Pertapaan Sunan Kalijaga onok ndokk...

Wisata Gresik – Gunung Surowiti Nduwe Misteri

Panggonan wisata Gunung Surowiti seng tau dadi Petilasan Pertapaan Sunan Kalijaga onok ndokkampung cilik seng dinggoni kiro-kiro 200 kepala keluarga, nggone ndok gunung seng ombone kiro-kiro 5 hektar. duwure 260 meter teko segoro, ndok nggone Deso Surowiti, Kecamatan Panceng, Kabupaten Gresik. Jarake teko Kota Gresik kiro-kiro 40 kilometerliwat Dalan Pantura Gresik – Tuban utowo 3 kilometer arah ngedol teko Dalan Raya Panceng.
Gapur Masuk Surowiti

Misteri Gunung Surowiti

Howo singit yo medeni seng onok ndok Gunung Surowiti tambah suwe tambah nemen ae, wong seng teko ndok Gunung Surowiti macem-macem onok wong seng agomone Islam, Hindu, Budha, Konghucu yo sek akeh maneh. Misteri seng onok ndok kene iki ket Sunan Kalijaga teko nang Gunung Surowiti, ndok kene iki Sunan Kalijaga ngasah ilmu kanoragan cekne sakti ambek ilmu agomo islam karo gurune, yoiku Sunan Bonang. Petilasan opo napak tilase Sunan Kalijaga sampek saiki sek nyimpen misteri.

Akeh wong teko moro mrene gak mek ngelencer rekreasi ambek ngenal sejarahe wali songo luweh parek, tapi uakeh seng teko ndok Gunung Surowiti gawe ngalap berkah, mboh iku golek pesugihan koyok tuyul, yo onok seng kepingin golek syarat gawe munggah pangkat, kelakuan syirik ngene iki seng ndadekno panggonane wisata religy dadi rusakroto-roto wong seng koyok ngunu iku duduk wong teko adoh duduk wong . Mugo-mugo ae kelakuan-kelakuan seng nyesatno ngene iki iso ilang.

Panggonane Ziarah Makam wong seng nyebarno Agama Islam

  1. Makam Empu Supo 
    Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri
    Makame salah situk e Santri Sunan Kalijaga seng asale teko Mojopahit arane Empu Supo, yoiku pande seng biasa nggawe keris pusoko sakti ndok Mojopahit, terus melbu islam ambek kawin karo adike Sunan Kalijaga seng arane Dewi Roso Wulan.
  2. Makam Raden Bagus Mataram 
    Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri
    Makame salah situk e Santri Sunan Kalijaga seng asale teko keluarga Kesultanan Mataram. Wong iki sakti yo sugeh seru, moro ndok Surowiti dikongkon ambek Sunan Kalijaga seng akhire melbu agama islam. Dunyo bronone seng digowo nang Surowiti uakeh seru, koyok lempengan emas ambek perak, dunyo brono iku didadekno sangu gawe perjuangan siar Islam.

  3. Petilasan Sunan Kalijaga 
    Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri
    Panggonn seng digawe Sunan Kalijaga nampani ujian teko gurune gawe nyempurnakno ilmu kewaliane seng diarani Topo Ngluweng, yoiku koyok tirakat poso seng atek dikubur orep-orep.

  4. Pring Silir (Tongkat Sunan Bonang)
    Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri
    Pring Silir
    Panggonane Sunan Kalijaga nampani ujian seng dikongkon njogo tekene gurune ( Sunan Bonang ), sampek teken iku mau terik dadi wet pring, seng sampek saiki wt pring iku diarani Pring Silir. Wet Pring iki diakoni ambek wong-wong sekitare nek duwe keluwihan, mangkane pring sek dijogo pik ambek wong deso. Awitane panggone ngencepno teken iku onok ndok pinggir kali, tapi kaline wes dibendung sampek dadi telogo seng diarani Kali Buntung.
    Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri
    Telogo Buntung

Potret Alam Sekitare Gunung Surowiti

Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan MisteriWisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri

Wisata Gresik – Gunung Surowiti dengan MisteriWisata Gresik – Gunung Surowiti dengan Misteri

Post a Comment

 
Top