Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Gresik - Sego Karak seng Ketok e Biasa-biasa Bae Tapi Numani
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Opo seng onok ndok pikiranmu pas krunu onok wong ngomong Sego Karak? Opo seng onok ndok pikiranmu pas krunu onok wong ngomong Sego Kara...

Opo seng onok ndok pikiranmu pas krunu onok wong ngomong Sego Karak?


Kuliner Gresik - Nasi Karak yang Sederhana Tapi bikin Kita Ketagihan
Opo seng onok ndok pikiranmu pas krunu onok wong ngomong Sego Karak, jelas koen mikir nek sego iku teko sego mambu seng dipeme tersu di masak maneh, seng umume wong-wong ngarani Sego Aking. Tapi nek koen moro ndok Kota Gresik, Sego Karak iki duduk sego seng onok ndok pikiranmu iku, dak ngarah nemu koen sego mambu dipeme terus dimasak maneh ndo Gresik, ndo Gresik sego mambu yo digawe paka petek. Haaaaaaaahaaaaaahaa…

Nek ndok Gresik koen jelas ketemu ambek sego seng rupane rodok ireng, terus digandengi klopo parut ambek serundeng terus dak lali gimbal tempene seng sek anget, yo iso ditambahno Bali Welot gawe tambahane iwake.

Sego Karak mok iso dipethuk i nek isuk tok, pancene Sego Karak iku panganan seng dienggo sarapan wong resik. Onok rong macem karak. Karak Poteh, yoiku Sego Karak seng digawe teko beras dike’ibanyu apu ambek uyah, terus di dang koyok sego liyane. Karak Ireg, yoiku Sego Karak seng digawe teko beras dicampuri ketan irengcek kelire semu-semu ireng ambek rosone luweh gurih, ditambahi uyah titik terus di dang. Cek ambune tambah suedep biasane titambahi godong pandan wangi.

Kuliner Gresik - Nasi Karak yang Sederhana Tapi bikin Kita Ketagihan
 Sego Karak Poteh

Kuliner Gresik - Nasi Karak yang Sederhana Tapi bikin Kita Ketagihan
 Sego Karak Ireng
Seng biasane dingo iwak e biasane Sego Karak digandengi ambek Gimbal Tempe, Bali Welot, Parutane Kolopo Enom ambek Serundeng. Lah pas maneh nek Gimbal Tempene sek anget terus dilalapi ambek Lombok, hmmmmmmmmm…………

Kuliner Gresik - Nasi Karak yang Sederhana Tapi bikin Kita Ketagihan

Seng dodolan Sego Karak iki isok ditemokno ndok kampong-kampung, opo maneh nek ndok daeran Gresik Lor, lah wong dodol sego Krak iki biasane cumak onok sampek jam 8 – 9 isuk tok, mangkane tek koen kawanan titik bae wes jelas dak kumanan kuliner Gresik seng uenak iki.

Post a Comment

 
Top