Unknown Unknown Author
Title: Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Wes Onok ket Jamane Syehk Maulana Malik Ibrahim
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Telah Ada Sejak Jaman Syehk Maulana Malik Ibrahim Gresik seng diarani kota santri yo dikenawong t...

Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Telah Ada Sejak Jaman Syehk Maulana Malik Ibrahim

Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Telah Ada Sejak Jaman Syehk Maulana Malik Ibrahim
Gresik seng diarani kota santri yo dikenawong teko wong alim loro seng nyebarno agama islam yoiku Syekh Maulana Malik Ibrahim dan Sunan Giri, Kota Gresik seng dadi lawing awitane agama islam melbu ndok pulo Jowo sek jamane joyo-joyone Kerajaan Majapahit seng dikiro-kiro sak durunge taun 1400 Masehi. Dak salah nek Kota Gresik nduwe macem-macem barang kerajinan Khas Kabupaten Gresik seng mambu-mambu Arab opo Islami, koyok Terbang teko Kecamatan Bungah, Kopyah teko Deso Kroman ambek Kerajinan seng apene diceritakno ndok ngisor iki, yoiku Sarung Tenun teko, Deso Gapuro, Desa Pulo Pancikan sak sekitare, ambek Sarung Tenun teko Kecamatan Cerme, pase teko Desa Wedani, Kambingan ambek Jambu.

Dikiro-kiro karo sejarawan Sarung Tenun iki di gawe karo wong-wong Gresik bareng karo wong teko negoro Timur Tengah ambek Chino dodolan ndok Gresik seng Nggowo kapas karo benang, iku pas sek uripe Syekh Maulana Malik Ibrahim. Lah pas iku Syehk Maulana Malik Ibrahim mborong bahan-bahan kain iku, yoiku benang amber kapas. Mari Syehk maulana Malik Ibrahim mborong benang ambek kapas iku, wong-wong Gresik dikumpulno termasuk kabeh santri-santrine seng onok ndok deso Leran, wong-wong iki dikumpulno dikongkon belajar gawe kain teko benang ambek kapas iku mau, seng tujuane digawe nutupi aurat nek pas sembahyang. Jaman sakmono Sarung Tenun seng digawe ambek wong-wong bareng santri-santri iku mek onok kelir poteh tok, dak duwe corak aneh-aneh koyok saiki.

Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Telah Ada Sejak Jaman Syehk Maulana Malik IbrahimKerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Telah Ada Sejak Jaman Syehk Maulana Malik Ibrahim

Kerajinan Sarung Tenun seng onok ndok Gresik pas jaman Syehk Maulana Malik Ibrahim terus digawe ambek wong-wong Gresik, tambah kelire dadi macem-macem sampek jaman joyo-joyone Giri Kedaton, sayang kerajinan Sarung Tenun Kota Gresik iki sempat leren pas bongso Londo ambek Portugies melbu Kota Gresik gawe dodolan.

Kiro-kiro taun 1930, wong-wong ndok kampung makam Syehk Maulana Malik Ibrahim mulai maneh nggawe kerajinan Sarung Tenun, masio mek digawe kanggo awak e dewe ae dak di dol, lah pas Indonesia merdeka wes mulai wong-wong seng duwe duwek ngedekno pabrik opo usaha Sarung Tenun seng gedhe koyok Behaestex seng ngadek taun 1953, yo sek onok akeh maneh liyone.
Sampek saiki wes tambah akeh wong seng usaha Sarung Tenun seng mulai akeh ambek tambah gedhe. Ndok Kecamatan Cerme, Kabupaten Gresik onok pirang-pirang deso seng nggawe kerajinan Sarung Tenun iki, mulai teko Deso Wedani, Deso Kambingan dan Deso Jambu seng ngedol sarung gaweane sampek tekan luar negeri. Khususe untuk Deso Wedani duwe akeh wong seng usaha kerajinan Sarung Tenun seng gedhe.
Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Telah Ada Sejak Jaman Syehk Maulana Malik Ibrahim

Keluwihane Sarung Tenun Kabupaten Gresik iki teko kwalitas benang ambek kelire seng dak puyeh yo dak luntur masio puluhan taun, teko keluwihane iki Sarung Tenun Gresik duwe rego seng iso diarani larang seru nek atase rego barang sarung ae. Regone Sarung Tenun ATBM bahan sutra iso sampek diregani puluhan juta per sarung, tapi ndok Gresik koen yo iso oleh Sarung Tenun seng kwalitase sak nduwure Sarung Tenun teko daerah njobo Gresik mek rego Rp. 30.000,- per sarung. Murah seru reeeeekkkkk.
Kerajinan Gresik - Sarung Tenun Gresik Wes Onok ket Jamane Syehk Maulana Malik Ibrahim

Post a Comment

 
Top