Unknown Unknown Author
Title: Monumen Perjuangan Gunung Lengis seng Sempat Dilalekno
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Saksi perjuangan wong-wong Nggersik pas mertahano kemerdekaan Republik Indonesia ambek ngoser penjajah pas taun 1945 digambarno ndok salah ...

Saksi perjuangan wong-wong Nggersik pas mertahano kemerdekaan Republik Indonesia ambek ngoser penjajah pas taun 1945 digambarno ndok salah situk e monumen perjuangan seng onok ndok nggone Gunung Lengis, seng melbu wilayah Deso Gending.

monumen perjuangan gunung lengis, satdion gelora joko samudro (GJS) Gresik


Monumen perjuangan iki dadi simbol ambek gambarane kendele perlawanane wong-wong Nggersik pas perang mungsuh penjajah, yo dadi tugu prasasti gawe ngelengno arek-arek enom nek mbah-mbahe biyen seng wes mati perang mungsuh penjajah jasa-jasane kanggo negoro Indonesia iki akeh, tapi sayange monument seng duwe sejarah iki wes suwe dilalekno ambek arek-arek enom saiki, lah pas eson nyobak takon ndok arek-arek enom Nggersik endi she rek panggonane monument seng digawe nglambangno perjuangane wong-wong Nggersik biyen? Roto-roto arek-arek enom jawabe “EMBOH CAK ESON DAK NGERTI”, bener-bener kebacut.

Waktu iku Monument Perjuangan Gunung Lengis mek dikenal dikenal ambek arek-arek enom koyok lapangan gunung seng ombo, seng biasane digawe kemah arek-arek pramuka, ujian arek-arek beladiri silat munggah tingkatan sabuk, motocrpss ambek wong seng seneng sepeda’an pancal mudun gunung karo banter utowo boso gaule downhill, tapi akeh seng gak weruh nek ndok nggone gunung iku ngadeg moumen seng nggambarno sejarah perange wong-wong Nggersik ngusir bongso Londo.

Monumen Perjuangan Gunung Lengis saiki dadi lambing ndok Stadion Gelora Joko Samudro.
Monument Perjuangan Gunung Lengis seng sempat dilalekno saiki wes mulai dikenal ambek arek-arek enom karo wong-wong Gresik ket dibangune Stadion Gelora Joko Samudro seng dadi salah situk e kebanggaan wong-wong Gresik. Pas mbangun panggonane olahraga tembungan iki, Monumen Perjuangan Gunung Lengis dipindahno ambek bupati Gresik Sambari ndok lawang melbune Stadion Gelora Joko Samudro, ambek corone ndekek seng apik dadi iso nduwe kesan koyok onok museum perjuangan ndok pintu gerbang stadion, saiki Monumen Perjuangan Gunung Lengis iku dadi tujuane arek-arek enom Nggersik narsis ria polae akeh wong-wong Nggersik seng foto-foto nggawe latar belakang Monumen Pejuangan Gunung Lengis.
monumen perjuangan gunung lengis, satdion gelora joko samudro (GJS) Gresik
monumen perjuangan gunung lengis, satdion gelora joko samudro (GJS) Gresik

Akhire Monumen Perjuangan Gunung Lengis seng mbiyen sempat dilalekno saiki wes dikenal maneh, yo nek onok wing teko njobo Kuto Nggersik takon sejarah Monumen Perjuangan Gunung Lengis nang wong-wong Nggersik, wong-wong Nggersik wes iso njawabe. Sak marine Monumen Perjuangan Gunung Lengis iki diselamatno, sek akeh bangunan ambek situs-situs saksi sejarah Kabupaten Gresik seng kudu diselamatno, mugo-mugo iso sak cepate diselamatno kabeh ambek iso dadi tambahan tujuan wisata ndok Kuto Nggersik.
Next
This is the most recent post.
Previous
Older Post

Post a Comment

 
Top