Unknown Unknown Author
Title: Wisata Gresik - Omah Kuno Gajah Mungkur, Kota Gresik
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Patung Gajah seng wernoe abu-abu keirengan iki nngadek ndok pelataran omah tuwek ndek ngisore wet pencit seng ketel godonge. Masio ta pa...
Patung Gajah seng wernoe abu-abu keirengan iki nngadek ndok pelataran omah tuwek ndek ngisore wet pencit seng ketel godonge.
Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com

Masio ta patung iku ketoke biasa bae, tapi patung iku nduwe sejarah, mangkane sampek legendane terkenal seru. Lah mosok wong Gresik gak weruh sejarahe rek....
Gajah Mungkur iki onok ndok latare omah guede apik ndek dalan Nyi Ageng Arem-Arem, nek teko prapatan pasar toko sepatu batta seng teko alun-alun kiro-kiro jarake 200 meter.
Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com

Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com
Gajah Mungkur didekno taun 1896, model omahe nggawe model omah Londo. Bangunan omah ndek Gajah Mungkur iki seje ambek omah-omah ndok sekitar Pekelingan, tapi pancene sekitare Pekelingan kunu uakeh seru bangunan-bangunan omah jaman Londo. Tapi omah Gajah Mungkur ketok myolok dewe. dekore omah onok ndok koco lawang omah Gajah Mungkur seng onok tulisane H. Djaniya bin H. Djaelan bin H. Oemar...... salah situke juragan sogeh ndek jaman sakmunu.
Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com

Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com

Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com

Wisata Gresik - Rumah Kuno Gajah Mungkur Gresik - www.gresikku.com
Gajah Mungkur, iki ngunu salah situk e omah tuwek seng sek ngadek gagah yo keramut ndok Gresik, sayange akeh omah-omah tuwek seng nduwe sejarah ndek Gresik wes dirubuhno digawe mini market, toko, gudang ambek liyane. wis gak usah takok seng salah sopo, kabeh salah termasuk pemerintah sak masyarakate sak seng nduwe omah tuwek e, podo kepingin duwek timbang nglestarekno sejarah Gresik.

Post a Comment

 
Top