Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Gresik - Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik. Kolek iki duduk koyok kolek biasane, duduk kolek seng isine gedang, bolet, kacang ijo, nongko o...

Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik.

Kolek iki duduk koyok kolek biasane, duduk kolek seng isine gedang, bolet, kacang ijo, nongko opo waluh. Kolek iki digawe teko ayam jowo, gulo abang, jinten, godong bawang ambek santen kelopo. 

Wisata Gresik - Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik - www.gresikku.com

Lah seng masak kolek yo duduk iuk-ibuk karo emak-emak, tapi seng masak kudu bapak-bapak. Tradisi kolek ayam ndek Gumeno, Kecamatan Manyar, Kabupaten Gresik wes onok ket limang abad biyen, awitane dingo jamu gawe Kanjeng Sunan Dalem anake Kanjeng Sunan Giri.

Saiki kolek ayam dadi tradisi temurun warisan Mbah-mbah biyen seng dadi sugihe budaya negoro Indonesia, lah sampek saiki wes dilakoni suwene 487  taun.  Tradisi iki yo dadi rekete seduluran, khususe pas ulan poso Romadhon malem 23.

Wisata Gresik - Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik - www.gresikku.com




Cerito sejarahe Kolek Ayam yoiku pas Sunan Dalem seng gdak enak awak, Senan Dalem ngongkon wong-wong ngusahakno jamu gawe tombo. Lah wong-wong wes morak-marik mrono-mrene nggoleki  tomba gak waras-wars akhire wong-wong bingung, lah pas wong-wong bingung Sunan Dalem oleh petunjuk teko Gusti Allah SWT dikongkon masak panganan digawe jamu.

Mene isuke Sunan Dalem nggowo ayam jago lancuran, lah wong-wong lanng dikongkon masak ayam iku mau nganggo bumbu santen, gulo abang, jinten ambek bawang godong. Lah pas panganan ayam iku mau dadi, Sunan Dalem njaluk digawakno sego karo ketan, lah pas iku ulan poso.
Sunan Dalem maringunu waras sakmarine mangan kolek ayam opo sanggring. Sanggring asale teko “Sang = artine Rojo” ambek “Gering = seng artine Gak enak awak”. Sanggring podo ambek ’raja seng gak enak awak’.

Wisata Gresik - Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik - www.gresikku.com

Wisata Gresik - Tradisi Kolek Ayam Gumeno, Manyar Gresik - www.gresikku.com

Kolek ayam asal arane teko ”kholaqul ayyam”, seng artine ’nggoleki bendino-dino’. Sunan Dalem kangelan nggolek aran ”jamu” iku. Akhire, kolak ayam dadi aran seng diabadekno  sampek saiki.
Masak kolek ayam awitane dilakoni pas tanggal 22 Ramadhan 946 Hijriah podo karo 31 Januari 1540. Pas iku, Sunan Dalem yo ngeke’i pesen omongan nang wong-wong kabeh malem ke-23 Ramadhan disiapno kolek ayam utowo sanggring.
 

Post a Comment

 
Top