Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Gresik - Jubung Jajanan Asli Gresik
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Jubung iki yo salah situke panganan jajanan asli teko Gresik. Jubung iki meh podo ambek jenang, jubung digawe teko ketan ireng terus di...
Jubung iki yo salah situke panganan jajanan asli teko Gresik.
Kuliner Gresik - Jubung Jajanan Asli Gresik - www.gresikku.com


Jubung iki meh podo ambek jenang, jubung digawe teko ketan ireng terus diuwruwri wijen ndukure. Lah nek jarene wong-wong sak njobone Gresik mesti ngarani jubung iku jenang, yooooo.... bener gak nyalahno nek jubung iku jenang, tapi jenang asli Gresik seng nduwe ciri cilik bungkuse koyok mangkok cilik tapi teko papahe wet pinang, lah bungkus ngene iki seng dadi cicine podo karo pudak seng bungkuse yo podo-podo teko papahe wet pinang.
Kuliner Gresik - Jubung Jajanan Asli Gresik

Kuliner Gresik - Jubung Jajanan Asli Gresik - www.gresik.com


Nggawe jubung iki yo lumayan ruwet podo karo pudak, molai teko ngrendem ketan ireng terus nggilinge, seng suwe maneh pas wayahe masak e paling ndak butuh waktu 6-7 jam suwene sampek kuentel, lah seng masak jubung iku yo wong lanang, nek jarene mbahku nek seng masak jubung duduk wong lanang gak iso dadi, mboh polae opo'o, tapi pas tak delok dewe yo jelas nek seng masak jubung duduk wong lanang yo gak dadi lah masake suwene 6-7 jam di udek terusan gak leren-leren.
Kuliner Gresik - Jubung Jajanan Asli Gresik - www.gresik.com

Post a Comment

 
Top