Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu Sego Krawu iku panganan asli teko Gresik, lah nek onok wong gak doyan sego krawu iku wong goblok gak...

Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu

Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu - www.gresikku.com
Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu - www.gresikku.com

Sego Krawu iku panganan asli teko Gresik, lah nek onok wong gak doyan sego krawu iku wong goblok gak ngerti panganan enak. Hehehehehehehe

Ciri-cirine sego krawi iku segone punel, seng jenenge sego ngingian, yoiku sego seng sektas dientas teko dandang terus dikipasi ambek di wolak walek sampek adem, mangkane segone rasane seje koyok sego umume.

Lah terus iwak'e iku daging sapi seng dimasak khusus ( iku duduk masakan semur loh yooo, nek onok website opo koki seng ngomong iku semur berarti goblok) terus yo onok iwak jeroan sapi dimasak podo karo daginge, lah duduhe iku teko kaldune daging karo jeroan seng nglengo iku.

Terus dike'i srundeng seng gawe bumbu kuning karo srundeng kluwek, seng pasti gak ketinggalan sambel trasi krawu Gresik seng gak onok sambel enak koyok ngene ndek daerah liyo.
Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu - www.gresikku.com

Nek perkoro bumbu masak daginge karo carane nggawe sambel, sepurane yo, nek koen kepingin isok yo nango omah tak uru'i privat... Hehehehehehehehehe.
Kuliner Asli Gresik - Sego Krawu - www.gresikku.com

Post a Comment

 
Top