Unknown Unknown Author
Title: Kuliner Gresik - Pudak Gresik
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Panganan jajanan asli Gresik seng sampek saiki sek akeh seng dodolan yoiku Pudak. Jajan Pudak iki nguwe roso legi gurih mirip wes koyok jena...
Panganan jajanan asli Gresik seng sampek saiki sek akeh seng dodolan yoiku Pudak. Jajan Pudak iki nguwe roso legi gurih mirip wes koyok jenang opo dodol, tapi Pudak onok sejene, yoiku aroma wangine teko bungkuse seng digawe teko papahe wet pinang. Wes ta ambune suedep.
Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com

Nek jarene wong-wong seng tukang nggawe Pudak papahe wet pinang iki duwe kelebihan seng gak onok nek bungkus godong liyane. Nggawene Pudak iki pancene rodok angel rek opomaneh ngurusi bungkuse seng kudu disemak disek.... waduh koyok nyemak kulis wedus ae.. Hehehehehehehe. Terus mringunu diketok-ketok terus dijait... koyok njait klambi .... Hehehehehehe.
Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com

Adonane Pudak iku yo onok Tepung Beras, Gulo Putih, Gulo Abang, Santen Kuentel terus dicampur dadi sitok.

Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com

maringunu lagek didang, lah pas adonan Pudak mau sek puanas mongah-mongah dilebokno ndek bungkuse seng teko papahe pinang seng wes jaitan mau rek, maringunu ditaleni rumpujepang terus digantung.

Lah nek koen kangelan nggawe Pudak dewe, koen yo iso tuku ndok nggone Gresik Kota, uakeh kok seng dodolan Pudak koyok ndok nggone Pasar Gresik, Kelurahan Sindujoyo (kemuteran, Pekayon, Lumpur, Kroman, Sebelahe radio Elbayu, terus daerah Gending pinggir dalan Veteran).

Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com
Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com


Koen sek penasaran ta karo Pudak, wes gak kesuwen ndang budal nang Gresik, nek koen njalok diterno polae gak ngerti nggone iso tak terno. Hehehehehehehe....
Kuliner Gresik - Pudak Gresik - www.gresikku.com

Post a Comment

 
Top