Unknown Unknown Author
Title: Wisata Religi ndok Makam Kanjeng Sunan Giri
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Makam Kanjeng Sunan Giri onok ndek wilayah Deso Klangonan, Kecamatan Kebomas, Kabupaten Gresik. Nek koen liwat perapatan kebomas mengg...
makam kanjeng sunan giri - www.gresikku.com
makam kanjeng sunan giri - www.gresikku.com

Makam Kanjeng Sunan Giri onok ndek wilayah Deso Klangonan, Kecamatan Kebomas, Kabupaten Gresik. Nek koen liwat perapatan kebomas menggok ngedul terus munggah, kenceng ae wes gak usah menggok-menggok.


Silsilah Kanjeng Sunan Giri

Wes akeh babad nyeritakno cerito seng seje-seje soal silsilah Sunan Giri. Onok babad seng duwe cerito nek Sunan Giri iki anake Syeih Maulana Ishaq, yoiku mubaligh seng teko Asia Tengah. Maulana Ishaq diceritakno rabi karo Dewi Sekardadu, yoiku anak'e Menak Sembuyu penguasa teko Blambangan jaman akhir-akhire kekuasaan Majapahit. Onok cerito liyo seng nyatakno Sunan Giri iku sek keturunane Rasulullah SAW, yoiku liwat jalur keturunan Husain bin Ali, Ali Zainal Abidin, Muhammad al-Baqir, Ja'far ash-Shadiq, Ali al-Uraidhi, Muhammad an-Naqib, Isa ar-Rumi, Ahmad al-Muhajir, Ubaidullah, Alwi Awwal, Muhammad Sahibus Saumiah, Alwi ats-Tsani, Ali Khali' Qasam, Muhammad Shahib Mirbath, Alwi Ammi al-Faqih, Abdul Malik (Ahmad Khan), Abdullah (al-Azhamat) Khan, Ahmad Syah Jalal (Jalaluddin Khan), Jamaluddin Akbar al-Husaini (Maulana Akbar), Ibrahim Zainuddin Al-Akbar As-Samarqandy (Ibrahim Asmoro), Maulana Ishaq, terus nang Ainul Yaqin (Sunan Giri).
makam kanjeng sunan giri - www.gresikku.com
makam kanjeng sunan giri - www.gresikku.com

Umume cerito iku teko riwayat pesantren-pesantren Jawa Timur, karo catetane nasab Sa'adah BaAlawi Hadramaut. ndek njero Hikayat Banjar, Pangeran Giri (alias Sunan Giri) iku putune Putri Pasai (Jeumpa?) karo Dipati Hangrok (alias Brawijaya VI).

Rabine Putri Pasai karo Dipati Hangrok duwe anak situk. Anak iki seng gak disebutno jenenge rabi  karo putri Rojo Bali, terus duwe anak Pangeran Giri. Putri Pasai iku ngunu putri Sultan Pasai seng dipek bojo karo Raja Majapahit seng jenenge Dipati Hangrok (alias Brawijaya VI). Mangkubumi Majapahit jaman iku yoiku Patih Maudara.

Nek koen kepingin weruh kisah komplite yo nango kene ae.
makam kanjeng sunan giri - www.gresikku.com
makam kanjeng sunan giri - www.gresikku.com

Post a Comment

 
Top