Unknown Unknown Author
Title: Onok 11 Wong seng Nggawe Sabu-sabu ndek Gresik seng Iso Ditangkep Polisi Ndek Sakwulan Terakhir
Author: Unknown
Rating 5 of 5 Des:
Jajaran Satuan Narkoba Polres Gresik iso ngungkapno 9 kasus narkoba seng rupane sabu-sabu karo nangkep 11 tersangka sakwulan terakhir ik...
www.gresikku.com


Jajaran Satuan Narkoba Polres Gresik iso ngungkapno 9 kasus narkoba seng rupane sabu-sabu karo nangkep 11 tersangka sakwulan terakhir iki.

"Suwene sakwulan, arek-arek iso ngungkap 9 kasus sabu-sabu seng akehe tersangka 11 wong seng nyetet sabu-sabu ndek wilayah Gresik," jarene Kasat Narkoba Polres Gresik AKP Chotib Widiyanto, Kemis (17/9/2015).
Ndek 9 perkoro iki, onok barang buktine 10 gram sabu-sabu ndek njero paket seng dicekel teko wong-wong seng nyetet iku.

"11 wong seng kecekel iki macem-macem perkorone, onok seng dodolan sak nyetete. Wong wedok 2 iku perkorone dadi sengg nyetet sabu-sabu" jarene Kasat Narkoba.

Polae kelakuane iku, wong seng kecekel iku kenek Pasal 112 Ayat (1) Undang- undang Republik Indonesia Nomor 35 Tahun 2009 perkoro Narkotika, terus diancam penjara paling titik 4 taun karo paling akeh 12 taun, sek ditambahi dendo paling akeh Rp 8 miliar.

Post a Comment

 
Top